Thole, Elinga!
Leave a Comment so far
Leave a comment
November 12, 2010, 10:09 am
Filed under: Uncategorized
Filed under: Uncategorized
Thole,
geneya praupanmu suntrut,
sajak ana panandhang,
tak sawang atimu goreh,
ora jenjem,
sajak ana samubarang lir,
sing njalari urip ora tentrem,
apa sing nggubel atimu,
kang njalari uripmu kebak panandhang,
Thole,
coba sareh sedhela,
nyenyuwunna marang Sing Kuasa,
Kang Akarya Urip,
kang bisa njalari padhaning budi,
sing lagi nandhang ruwet renteging bebrayan,
Thole,
elinga marang Kang Murbeng Gesang,
mesthi bakal diparingi apa sing dadi panyuwunmu,
aja pisan-pisan nglokro,
nanging balik sumaraha marang Pangeran Agung,
Pangeran papan pangungsen lan pasambat kita.
————–
Kidung Pasamuan Kristen
129. GUSTI PANUNTUN KULA
Advertisements
Leave a Comment
Leave a Comment so far
Leave a comment